Blog anak SMK

STAGEN

STAGEN







Setagen inggih punika pirantos arupi kain tenun kandel ingkang radi kaken. Setagen gadahi wiyar watawis 12-20 M lan panjang 2-4 M. Ulesipun warna-warni wonten ingkang cemeng, ijem, pethak lan sapanunggale, anangis sedaya wau mboten wigatos, amergi manggenipun setagen punika wonten lebet lan badhe katutup kalian sabuk utawi busana liya kados beskap utawi kebaya.
Setagen punika ginanipun kagem nyingseti utawi “ngencengaken” tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorot temahan udar.
Menawi cara ngagem setagen punika kanthi di ubetaken wonten badan saking tengen mangiwa wiwit  ngandap padharan dumugi ngandape dada.
Stagen nggadahi filosofi nata badan supadasa tegap lan santun anggene unggah-ungguh.Setagen ugo gadahi teges paningset ingkang maknanipun “bebakaling sandhang” utawi cikal bakal busana kang di karepaken ing bebrayan mangkih kekalih temanten sageto ngalampahi sedaya kondisi. 
STAGEN STAGEN Reviewed by Unknown on 03.20 Rating: 5

Tidak ada komentar:

Gambar tema oleh kelvinjay. Diberdayakan oleh Blogger.