Blog anak SMK

SERAT TRIPAMA

SERAT TRIPAMA



Serat Tripama inggih punika salah satunggaling karya sastra awujud tembang Dhandanggula pitung pupuh. Serat Tripama wonten nalika jaman Mangkunegaran, kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV (KGPAA Mangkunegara IV) ing Surakarta. Tripama dipunterbitaken wonten ing kempalan karya utawi anggitan Mangkunegara IV, jilid III (1927). Serat Tripama ngemot piwulang utawi pitutur kaprajuritan, kanthi nyariosaken tigang wayang, inggih punika Patih Suwanda, Kumbakarna kaliyan Basukarna.
Serat puniki dipunkinten-kinten kaserat nalika tahun 1860an kanthi ancas dipundadosaken patuladhan kaliyan sumber inspirasi mboten namung kagem prajurit, ananging ugi para pangarsaning nagari punapa tumrap bebrayan supados saged ngleksanakaken tugas kados peran kaliyan titahipun piyambak-piyambak.

1.      Bambang Sumantri

        Bambang Sumantri sasampunipun dados patih kawastan “Patih Suwanda” inggih menika Patihipun Raja Harjunasasrabahu saking negara Maespati ing jaman Sri Rama, paraga salebetipun cariyos Ramayana. Patih Suwanda kawentar kekendelanipun, saged  ngayahi sedaya jejibahan saking Prabu Harjunasasrabahu ingkang wusananipun gugur ing palaganperang lawan Dasamuka.

Bait 1

Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.

Bait 2

Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)
Kesimpulan Bait 1 dan 2 :
GUNA: Nuhoni trah utami dalam hal ini adalah menetapi keturunan orang utama, yaitu ksatria dengan sifat-sifat ksatrianya yang mampu menyelesaikan masalah. Unggul dalamsegala hal.
KAYA: Disini disebutkan dalam peperangan berhasil memboyong putri Dhomas (penafsiran disini tidak hanya memboyong putri domas yang 800 jumlahnya tetapi juga hartarampasan perang
PURUN: Kegagahberaniannya. Dasamuka adalah raja yang tidak tertandingi kesaktiannya kecuali oleh titisan Wisnu (yang tak lain adalah Prabu Harjuna Sasrabahu sendiri, tapi saat itusang Prabu sedang bercengkerama dengan istri-istrinya). Patih Suwanda berperang sampai titik darah penghasilan dan gugur di palagan.

2.      Kumbokarno

Kumbakarna menika rayinipun Prabu Dasamuka raja Ngalengkadiraja (Alengka), senajan awujud raseksa nanging boten sarujuk kalihan solah tingkahipun kangmasipun nyulik dewi Shinta. Nanging nalika Ngalengkadiraja diserang musuh (Sri Rama lan bala tentaranipun), Kumbakarna tetep ksatria ngorbanaken jiwa bela tanah air. Kumbakarna gugur bela negara,sanes mbela kangmasipun.

Bait 3

Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)

Bait 4

Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
Kesimpulan bait 3 dan 4 :
Walaupun Kumbakarna berwujud raksasa ia tetap ingin mencapai keutamaan. Ketika terjadi peperangan ia berkali-kali menasihati kakaknya demi keselamatan kerajaan Ngalengka, tetapiDasamuka tidak pernah menggubrisnya. Akhirnya Kumbakarna memilih menyingkir, dan bertapa tidur. Ketika senapati-senapati Ngalengka sudah gugur semua, maka Kumbakarnadibangunkan paksa dan diperintah kakaknya untuk maju perang. Menetapi watak ksatrianya, kumbakarna tidak membantah. Tekadnya hanya bela negara dan demi nenek moyangnya yangtelah mukti di negara ngalengka dan sekarang akan dihancurkan wadyabala kera. Lebih baik mati di medan perang dan akhirnya Kumbakarna gugur sebagai pahlawan

3.      Adipati Karno

Adipati Karna kalebet paraga ing cariyos Mahabharata. Karna boten mbela Pandawa ingkang sedherek tunggal ibu, ananging mbela Prabu Suyudana (Kurupati) raja Hastina minangka bales budi awit sang raja ngangkat derajadipun. Adipati Karna nalika lair kabucal ing lepen lajeng katemokaken lan kaangkat putra dening kusir Adirata, kadadosaken adipati dening PrabuSuyudana. Karana bab menika ing perang Bharatayuda Adipati Karna wonten ing pihak Kurawa kang sampun dimangertosi menawi Kurawa kalebu pihak ingkang angkara murka. SangSuryaputra gugur nalika  perang tanding lawan Harjuna, rayinipun, tunggal ibu

Bait 5

Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)

Bait 6

Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).
Kesimpulan bait 5 dan 6 :
R Suryaputra adalah Adipati di Ngawangga, dengan Pandawa masih saudara satu ibu lain bapak (Ayahnya adalah Batara Surya). Sejak lahir sampai dewasa tidak hidup bersama Pandawa,tetapi dipelihara kusir Adirata. Karena kesaktian dan kesetiaannya oleh Prabu Duryudana diberikan derajat yang tinggi. Menjelang perang Bharatayuda Karna dibujuk oleh ibunya untukberperang dipihak Pandhawa. Tetapi Karna berkeras bahwa walaupun Pandhawa masih saudara dan berada di pihak yang benar, tetapi sebagai ksatria ia harus membela raja yang telahmengangkat derajatnya. Dalam perang tanding dengan Harjuna yang dalam pedhalangan Jawa menjadi satu lakon tersendiri “Karna Tanding” Karna mendapat kesempatan untukmembalas budi rajanya. Ia berjuang mati-matian dan akhirnya gugur di medan laga kena panah R Harjuna (Dananjaya)

Bait 7 Kesimpulan isi

Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)
SERAT TRIPAMA SERAT TRIPAMA Reviewed by Unknown on 00.59 Rating: 5

Tidak ada komentar:

Gambar tema oleh kelvinjay. Diberdayakan oleh Blogger.